• Disclaimer
  • Privacy Policy
  • Term of Service
  • FAQ
Kotomono.co
  • Login
  • Register
  • ARTIKEL POPULER
  • ESAI
  • NYAS-NYIS
  • K-Popers
  • PLESIRAN
  • PUSTAKA
  • NYASTRA
  • LAINNYA
    • KILASAN
    • RELEASE
    • OTOMONO
    • FIGUR
    • OH JEBULE
    • KEARIFAN LOKAL
    • NGABUBURIT
    • UMKM
No Result
View All Result
  • ARTIKEL POPULER
  • ESAI
  • NYAS-NYIS
  • K-Popers
  • PLESIRAN
  • PUSTAKA
  • NYASTRA
  • LAINNYA
    • KILASAN
    • RELEASE
    • OTOMONO
    • FIGUR
    • OH JEBULE
    • KEARIFAN LOKAL
    • NGABUBURIT
    • UMKM
No Result
View All Result
Kotomono.co
No Result
View All Result
  • ARTIKEL POPULER
  • ESAI
  • NYAS-NYIS
  • K-Popers
  • PLESIRAN
  • PUSTAKA
  • NYASTRA
  • LAINNYA
Tragedi Kanjuruhan 2022 Sepakbola Indonesia

Pralaya ing Kanjuruhan lan Patuladhan Saka Sang Kumbakarna

Rois Pakne Sekar by Rois Pakne Sekar
November 9, 2022
in ESAI
Share on FacebookShare on TwitterShare on WhatsApp

“Luwih saka 130 kuwi nyawane manungsa kabeh, ora mung sakderma angka statistik” – Pakne Sekar-

KOTOMONO.CO – Dina-dina iki jagad ratmaya Nusantara digawe geger gedhen dening kabar lelayu saka tlatah Malang. Mligine saka stadion Kanjuruhan sing mapan ing Kepanjen Kabupaten Malang. Ora kurang saka 130 (135 miturut pawarta paling anyar  saka panditfootball.com nalika 24/10/2022) manungsa, lanang-wadon, enom-tuwa kang palastra sawise nonton pagelaran bal-balan antarane Arema lan Persebaya.

Pawarta bab apa sing njalari kedadeyan kuwi isih pating sliwer, nganti saiki isih durung ana katrangan kang cetha. Babagan iki bisa dumadi amarga para-para kang ngemban tanggel jawab jirih klawan konsekuensi sing bakal ditanggung. Dadine padha ngrekadaya katrangan marang wartawan, aweh panemu kang palsu. Tujune arep sélak, nguncalake tanggel jawabe marang liyan.

Para punggawa kang sajake arep tinggal glanggang colong playu kasebut wus dimangerteni dening Ketua Tim Independen Pencari Fakta, Bapa Mahfud M.D. Piyambake ngendikan nalika Rebo 12 Oktober kepungkur: “Bahwa terjadi saling menghindar dari tanggel jawab operasional lapangan antara federasi, pengelola liga, panitia pelaksana, pihak keamanan, hingga penyelenggara siaran menjadi bukti bahwa penyelengaraan Liga Sepak Bola Nasional agak kacau.”

BACA JUGA: Capai 127 Korban Jiwa, Tragedi Stadion Kanjuruhan Jadi yang Terbesar Kedua Sepanjang Sejarah

Tegese kabeh pihak katon arep mlayu saka tanggel jawabe, saora-orane arupa tanggel jawab moral. Kang kaya mangkene cetha dudu watak sing bisa ditiru dening anak putu. Terang yen ora nuduhake watak satriya, bebasan amung gelem mangan nangka nanging emoh gupak pulute. Lan luwih saka iku: ngadohi sipat kamanungsan.

Perkawis netepi tanggel jawab iki, kayane para-para kang sinebut dening Bapa Mahfud M.D. kuwi perlu nuladha watake Kumbakarna, Sang Satriya saka Leburgangsa putrane Begawan Wisrawa. Kabeh stake holder bal-balan Indonesia, embuh kuwi ketua PSSI, Ketua LIB, Ketua Panpel, Petugas Keamanan nganti Indosiar kang nyekel hak siar; luwih becik niru lelakon sing dilampahi dening Paklike Indrajit kuwi.

Lelakone Kumbakarna ing Wiracarita Ramayana

Kumbakarna kuwi salah sawijine putra Begawan Wisrawa kelawan Dewi Sukesi. Dheweke nduweni sedulur tuwa kang aran Prabu Rahwana, uga dulur anem Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kayadene awake dhewe, kabeh sedulure awujud buta kejaba Gunawan Wibisana. Nanging senajan werna diyu, Kumbakarna nduweni watak satriya lan welas asih marang sapadha-padha.

Kocap kacarita ing madyane perang mengsah Prabu Ramawijaya sakwadyabalane, wus akeh senapati Ngalengkapura kang pupus ing ngalaga. Prabu Dasamuka banjur paring dhawuh marang Kumbakarna saperlu marak senapati, mandegani para wadyabala Ngalengka. Kumbakarna nora sarujuk marang laku angkarane ‘keng raka, nanging yagene dheweke tetep arsa marak senapati. Dudu mbelani Rahwana, nanging kanthi krenteg labuh Negara sing dadi wutah getihe.

BACA JUGA: Kebetulan-kebetulan yang Terjadi di Piala Dunia FIFA

Sakdurunge marak senapati Kumbakarna wis ngawruhi yen mokal bisa menang olah yudha kelawan Prabu Ramawijaya. Dheweke rumangsa bakal nemahi pati ing madyaning palagan. Mula Kumbakarna pamit marang garwa lan para putrane. Pamit ngayahi dharma, netepi jejibahane satriya. Mligine maneh, pamit mapag pati ing ngalaga.

Cekaking crita Kumbakarna kelakon lampus ing madyaning yudha. Pralaya merga ketaman panah Guwawijaya kagungane Prabu Ramawijaya. Senadyan ragane jenjeng-juwing ora wutuh maneh, nanging sukmane rinengkuh ing swargaloka dening para Jawata. Kabeh mau saka watak satriyane nglabuhi negarane. Kedadeyan kuwi tinulis ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula pada kaping 4:

Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan lenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labih nagari,
Lan nolih yayahrena,
Myang luluhuripun,
Wus mukti aneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kali,
Punagi mati ngrana.

 

Punggawa/Satriya Kang Wani Mikul Tanggel Jawab

Saka wiracarita Ramayana kuwi Kumbakarna wis aweh patuladhan kang becik bab mikul tanggel jawab. Apa sing dadi jejibahane dilabuhi senadyan nganti tumekaning pati. Ing atase diyu/buta wae isih ngugemi laku utama. Pitakonku mung siji, kepriye kahanane para punggawa ing Indonesia, mligine ing tlatah bal-balan jaman saiki? Panjenengane kabeh kuwi ngakune satriya ta?

BACA JUGA: Tragedi Stadion Accra Sport yang Terulang Kembali di Kanjuruhan

Nyatane saka katrangane Bapa Mahfud M.D. kuwi mau sing dumadi malah kosok baline. Ketua PSSI, Ketua LIB, Ketua Panpel, Petugas Keamanan lan Indosiar kena sinebut minangka ‘punggawa’ ing babagan bal-balan Indonesia. Para punggawa kuwi nyatane malah padha balapan mlayu saka tanggel jawabe. Aja kok dijaluki labuh nyawa, mung perkara kena ancaman pidana kunjara wae wis mingslep kabeh, nora bedha kelawan kura.

Patrap sélak saka tanggel jawab kuwi yekti ngisin-isini. Ora kena dadi patuladhan kanggo generasi anem lan anak-putu. Nanging kuwi durung sepira, isih ana sing luwih nyebahi. Durung nganti 40 dina saka kedadeyan pralaya ing Kanjuruhan, ndilalah PSSI kok nggelar fun football kelawan FIFA ing Jakarta. Gek kuwi nuranine padha diseleh ing ngendi?

BACA Tulisan-tulisan menarik dari Rois Pakne Sekar lainnya.

Artikel Terkait

Jajanan Khas Bulan Puasa Wong Batang #2

Yang Diperjuangkan Feminis: Merangkul Korban Kekerasan Seksual hingga Membuka Pintu Laki-laki Menjadi Bapak Rumah Tangga

Sadfishing Bukan Budaya Kita, Budaya Kita Membagikan Meme Kocak

Tags: Arema FCBahasa JawaEsaiMahfud M.DOpiniPSSIStadion KanjuruhanTragedi Kanjuruhan
Dapatkan berita terupdate dari Kotomono di:
Rois Pakne Sekar

Rois Pakne Sekar

Seorang part time teacher dan full time parent. Mengajar -sekaligus belajar- mapel Bahasa Jawa di SD Mafaza Integrated Smart School Malang. Juga seorang atlit badminton amatir yang tidak akan takut menghadapi 'minions' ataupun 'the daddys'.

Sapa Tahu, Tulisan ini menarik

Jajanan Khas Ramadhan - Es Barteh

Jajanan Khas Bulan Puasa Wong Batang #2

Maret 17, 2023
140
Yang Diperjuangkan Feminis

Yang Diperjuangkan Feminis: Merangkul Korban Kekerasan Seksual hingga Membuka Pintu Laki-laki Menjadi Bapak Rumah Tangga

Maret 9, 2023
158
Sadfishing Bukan Budaya Kita, Budaya Kita Membagikan Meme Kocak

Sadfishing Bukan Budaya Kita, Budaya Kita Membagikan Meme Kocak

Maret 8, 2023
226
Megono Khas Pekalongan

Megono Khas Pekalongan Bukan Cuma Cecek, Berikut Jenis Lainnya

Maret 7, 2023
160
Kelebihan TikTok Shop

Kelebihan TikTok Shop yang Tidak Dimiliki Marketplace Lain

Maret 3, 2023
157
Lagu JKT48 Tema Kehidupan Sampai Percintaan

6 Lagu JKT48 yang Mungkin Relate Denganmu, Tema Kehidupan Sampai Percintaan

Februari 24, 2023
263
Load More
Next Post
Madrasah Tsanawiyah Negeri 1 Kota Tangerang Selatan

Pelajar Madrasah itu Tangguh, Bisa Mengukir Asa yang Sempat Runtuh

Tips Ngecamp di Gunung

Dari Ngecamp di Gunung Sampai Tektokan, Mana yang Lebih Asik?

Alat-alat EDC Multitool sehari-hari

Mengenal EDC, Gaya Hidup Urban Survival

komentarnya gan

Ada Informasi yang Salah ?

Silakan informasikan kepada kami untuk segera diperbaiki. Pliss "Beritahu kami" Terima kasih!

TERBARU

Banda Neira: Serpihan Surga Bagian Timur Indonesia

Cerpen: Burung Kakaut

Penyebab Terdakwa Tragedi Kanjuruhan Bebas, Begini Tanggapan Angin

Rekomendasi Hotel Staycation Jogja, Under 500 Ribu!

AESPA Comeback Bulan Mei: Sang Leader K-Pop Gen 4 Telah Kembali

Jajanan Khas Bulan Puasa Wong Batang #2

Ikan Kembung: Khasiat, Nutrisi, dan Resep Olahannya yang Lezat

LAGI RAME HARI INI

Resensi Buku Loneliness is My Best Friend karya Alvi Syahrin

Kamu Tidak Sendirian, Karena Kamu Punya Kamu

November 1, 2022
1.2k
Penyebab Terdakwa Tragedi Kanjuruhan Bebas, Begini Tanggapan Angin

Penyebab Terdakwa Tragedi Kanjuruhan Bebas, Begini Tanggapan Angin

Maret 18, 2023
173
Wisata hits Purwokerto - Menggala Ranch

Menggala Ranch Banyumas, Wisata Ala View New Zealand di Jawa Tengah

Mei 25, 2022
5.6k
Sate Winong Mustofa Purworejo

10 Rekomendasi Kuliner Enak di Purworejo Tahun 2023

November 9, 2021
5.8k
Hotel Staycation Jogja - Agarra Villa

Rekomendasi Hotel Staycation Jogja, Under 500 Ribu!

Maret 17, 2023
164
Wisata Hits Bandung - Talaga Pineus Riverside Camp Pangelangan

Talaga Pineus Riverside Camp Itu Tempat Camping Asyik Tanpa Ribet

Agustus 13, 2022
2.7k
Review Buku Novel Ezaquel

Resensi Novel Ezaquel Karya Siti Habibah

April 12, 2022
2.3k
Landmark Dieng

Wisata ke Dieng Lewat Jalur Pekalongan

September 7, 2018
15.7k
Legenda Dewi Lanjar Pantai Utara

Kisah Legenda Asal-usul Dewi Lanjar

Agustus 12, 2016
38.1k
Cerpen Horor Burung Kakaut

Cerpen: Burung Kakaut

Maret 19, 2023
146
header-kotomono

RINGAN-RINGAN SEDAP

 

TENTANG  /  DISCLAIMER  /  KERJA SAMA  /  KRU  /  PEDOMAN MEDIA SIBER  /  KIRIM ARTIKEL

© 2023 KOTOMONO.CO - ALL RIGHTS RESERVED.
DMCA.com Protection Status
No Result
View All Result
  • ARTIKEL POPULER
  • ESAI
  • NYAS-NYIS
  • K-POPers
  • PLESIRAN
  • PUSTAKA
  • LAINNYA
    • KILASAN
    • RELEASE
    • NYASTRA
    • OH JEBULE
    • OTOMONO
    • FIGUR
    • KEARIFAN LOKAL
    • NGABUBURIT
    • UMKM
  • Mau Kirim Tulisan?
  • Login
  • Sign Up

Kerjasama, Iklan & Promosi, Contact : 085326607696 | Email : advertise@kotomono.co

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Create New Account!

Fill the forms below to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In