Kotomono.co – Ora kurang saka seminggu maneh para sedulur etnis Tionghoa bakal mangayubagya warsa enggal Imlek. Bakal ana tanggal abang sedina, kang tegese kabeh kantor lan sekolahan bakal prei. Perkara dina prei kuwi wis aturan resmi saka pemerintah wiwit jamane Presiden Abdurrahman Wahid.
Nanging yagene nalika tahun 2023 kepungkur ing kampunge Kang Turah isih akeh sekolah Islam sing ora prei nalika tanggal abang imlek. Alasane, jare amarga dina kuwi dudu riyadine agama Islam. Padahal Imlek kuwi rak ya dudu hari besar agama ta? Imlek menika sawijining hari besar budaya, ora beda karo tahun baru Çaka, uga tahun baru Masehi. Nanging merga wis kadung salah kaprah ya arep kepriye maneh. Kabeh-kabeh disambung-sambungake kelawan agama.
Kamangka sing jenenge prei kuwi rak ya kepenak ta? Bisa ana wektu lodhang kanggo keluarga. Bisa kanggo momong bojo, eh anak. Bisa ngajak dolan utawa nglencer, sak derma mangan bareng ing njaba, sowan marang sedulur, utawa mung leyeh-leyeh ning omah sinambi nonton film. Nindakake apa wae lah, waton ora mikir penggawean gur sedina wae. Slowing down utawa nge-woles jarene cah-cah jaman saiki.
Kanggone bocah-bocah sekolah uga kepenak, ana wektu sedina kanggo dolan karo kanca. Cah-cah lanang bisa sak derma mbolang lan mancing menyang kali utawa blumbang, bisa uga aneng omah wae dolanan manten-mantenan karo kancane (sapa ngerti suk mben bisa kelakon dadi manten tenanan). Ora mung mikir pelajaraaan wae, ora mung mikir Pe eeeR wae. Mesakne, cah-cah kui uga butuh healing lan refreshing.
***
Caritane nalika ing warsa enggal imlek iku Kang Turah rada judheg merga anake ora prei, kamangka dheweke wis nduweni rencana arep ngajak anake dolan menyang Cappadoccia (kuwi rencanane). Nanging merga anake ora sida prei, mula rencanane ora bisa kaleksanan. Dheweke banjur nemoni Kepala Sekolahe anake saperlu protes. Kang Turah kuwi pancen turah-turah tenan kok. Ya turah wanine uga turah omongane.
Kang Turah njujug menyang ruangane Pak Lantip, Kepala Sekolahe anake. Dheweke uluk salam, banjur ngomong to the point tanpa tedheng aling-aling.
“Assalammualaikum.. tanggal abang ngene sekolahe njenengan kok mboten prei ta Pak?”
“Waalaikumsalam.. eh Kang Turah, kok njanur gunung. Piye kabare? Lungguh sing jenak dhisik lah.”
Bapak Kepala Sekolah wis ngawruhi yen adate Kang Turah ya ngono kuwi, sludar-sludur kaya wong ngawur, nanging yagene mesti isih tinemu nalare.
“Alhamdulillah, Puji Gusti kabar kula sehat wal afiat Pak, pikiran nggih taksih waras. Mboten ngangge abang-abang lambe, tolong njenengan jlentrehke awit napa sekolahe kok mboten prei senadyan tanggale abang.”
“lha iki kan MTs Kang, tegese sekolah islam. Babagan kuwi sampeyan ya wis cetha. Dene tanggal abang Imlek kuwi hari besare umat agama liyan. Dadi ya lumrah wae yen ning sekolahan iki ora tak gawe prei.”
Pak Lantip haqul yakin yen wangsulane bakal bisa ditrima Kang Turah, merga lelandhesane nganggo nalar lan pikiran.
“ooow mengkono ta nalare.. paham.”
Bapak Kepala Sekolah mesam-mesem, rumangsa seneng bisa nyembadani protese Kang Turah sing wis kondhang dadi tukang ngeyel. Nanging pranyata Kang Turah isih nerusake omongane.
“nanging apa ya njenengan mboten sungkan kaliyan almarhum Gus Dur Pak?”
“lho.. ngapa kok ndadak nyandak asmane Gus Dur harang? apa urusane prei-an karo sungkan marang Panjenengane? aku kok ora mudheng.”
“ha nggih.. ingkang mutusaken libur imlek menika biyen rak ya Gus Dur ta? Nalika Panjenengane saweg njabat Presiden. Tujuane kanggo ngurmati dulur-dulur etnis Tionghoa supaya bisa nguri-uri warisan kabudhayane. Dadi ora ana hubungane karo babagan agama. Wong dulur-dulur etnis Tionghoa kae agamane ya macem-macem, ana sing Kristen, Budha, Khonghucu, uga ora sithik sing Islam. Nanging yagene kabeh isih padha ngrayakno imlek.”
Pak Lantip wis mulai mungsret, sarwa salah polahe. Dene Kang Turah isih nerusake anggone ngecuprus, malah njabel basa kramane.
“Lha njenengan kok ya wani-wanine ora ta’at karo tanggal abang sing wis diputuske Presiden Gus Dur. Kok ya ora sungkan karo Penjenengane.. Sekolah sampean iki mulangake nilai-nilai Islam lho. Lha salah sijine nilai islam sing kudu diugemi kuwi babagan ta’at marang ulama lan umara’. Gek Gus Dur kuwi kurang apa ta Pak? Panjenengane ya ulama ya umara’, nggih Kyai nggih Presiden. Sampeyan ing atase Kepala Sekolah wae kok ya keladuk wani-wanine nyulayani.”
Pak Kepala Sekolah saya ndredek, kringete gobyos kaya bar olahraga mlayu ngubengi lapangan ping patangpuluh pitu. Nanging dheweke isih nyoba golek alasan liyane.
“iki ngono dudu urusan sungkan apa ora sungkan Kang, dudu bab ta’at apa ora ta’at marang ulama klawan umara’. Nanging wektune iki kan wis nyedhaki Ujian ta Kang.. dadi bocah-bocah kuwi ben sinau sing mempeng, ora kakehan prei.”
“Oh ngono? ya tinemu ing nalar se, pancen nyata kok yen sampeyan kuwi luwih wasis lan waskita tinimbang para ulama lan umara’ kae. Nanging ngene, umpamane mengko pas tahun baru Muharram njur sekolahane dulur-dulur agama liyane kae ora prei, sampeyan ora usah nesu lho ya. Aja nganti sampeyan demo bab perkara iku nganti tekan monas.”