Bumi Singhasari, 19 April 2022
Rahayu, mugya sarwa hayu kang pinanggih,
Nduk, Sekar putriku.. nyawang sasadara kang ndadari ing madyaning wulan Pasa iki nuwuhake rasa kapang marang sliramu. Kanggo ngusadani rasa kangen kuwi Bapa nulis layang iki. Kanggo kowe, uga kanggo kanca-kanca sapantaranmu. Pun Bapa eling nalika isih bocah kowe seneng ndeleng mbulan kang purnama. Nate sepisanan kowe nyuwun pun Bapa njupukake sang candhra ing angkasa. Cetha kuwi bab kang mokal bisa kalaksanan. Nanging pun Bapa mung bisa semaya ‘iya’ kanggo nyenengke atimu.
Nduk… Sekar Penggalih putriku, saiki sliramu wis ngancik yuswa mudha taruna. Wis bisa mikir samubarang kang tinemu ing nalar. Kowe milih pawiyatan ing pondok pesantren uga kanthi krentegmu dhewe. Kaya sing uwis-uwis, pun Bapa nora bisa menggak apa sing dadi kekarepanmu. Senajan aku kudu nandang kangen saben nyawang sasadara, kuwi ora dadi ngapa amrih ginayuhing gegayuhan kang mulya.
Kepingin dadi guru kang migunani mring sasama. Sawijining gegayuhan luhur kang tuwuh saka atimu. Wondene pun Bapa ora nate meksa bab gegayuhan marang kowe. Mbok menawa kuwi wis tinulis dening Sang Baathin, Gusti Allah Kang Maha Ngreksa Ati, kanggo milihake dalan kang becik kanggo kowe. Nanging ana siji perkara, aja nganti kowe nduweni kekarepan jejodhoan kelawan fans eMyU utawa Juve, pokoke aja.
Nduk, pun Bapa percaya kowe bisa nggayuh gegayuhanmu. Bapa mung ngelingake, apa wae sing bakal kelakon ing tembe mburi, kowe aja nganti lali marang cecaturane awake dhewe duk nalika biyen. Bab ‘Sekar Penggalih’ sing ngandhut dongane Bapa supaya kowe bisa dadi kembange ati. Bab ‘Sofie Ayu’, amarga Bapa tansah memuji supaya kowe bisa dadi wanodya kang ayu lan wicaksana. Kabeh rinonce ing tetenger Sofie Ayu Sekar Penggalih, ya jenengmu kuwi Nduk.
Luwih saka iku Nduk, Bapa tenanan nduweni pangajab supaya kowe ora lali marang kodratmu minangka wanodya. Bilih wanita minangka cagake Negara, kowe ya wis cetha. Sesuk mben kowe bakal dadi cagak, nyangga Negara saka perangane sing paling cilik, yaiku kulawarga. Kowe bakal dadi biyunge anak-anakmu, dadi purwakaning madrasah kanggo atmajamu.
Kang kaya mangkono wis daktrapake marang sira Nduk. Umpamakne kowe gaman pusaka, wiwitane Bapa ngripta deder utawa gagang sing kukuh-bakuh ing kulawarga. Mula nalika kowe arep budhal menyang pesantren, pun Bapa ora nduweni was sumelang babar pisan. Bebasan aku masrahake wilah gaman pusaka -yaiku kowe- marang pande amrih landhepe. Bapa percaya gaman pusaka sing kukuh bakuh dedere lan landhep wilahe bakal dadi gaman pusaka kang paripurna. Mula tuladhanen kuwi, gulawentahen atmajamu sesuk mben dadi generasi kang bakuh lan toleran kanthi ngugemi kamanungsan.
Minangka pawiyatan kang kawitan kanggo anak-anakmu kuwi Nduk, kowe bisa nuladha 2 priyagung ing Nusantara. Saka Ki Hajar Dewantara kowe bisa nuladha konsep pawiyatane. Bilih pendidikan kuwi kudu merdeka datan mbanda, ora mung nyawang biji akademik. Uga prinsip bilih ndidik kuwi minangka proses kang wutuh, kang sinerat ing sesanti “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”.
Kang kapindho, sira bisa nuladha R.A. Kartini. Sawijining putri kang agung. Agung dudu amarga gelar R.A. ing ngarepe asmane, nanging amarga labuh lelabete kanggo bebrayan lan Negarane. Labuh lelabet kang linandhasan Wohing pikir, diripta lan dilakoni kanthi teguh kuwi bisa ndadekake kuncarane bangsane. Kondhang kaloka ing mancanegara, langgeng lestari nganti saiki. Panjenenganipun kuwi Nduk, wis aweh tuladha yen wohing pikir datan bisa kinunjara dening kodrat dadi wanita.
Mula saiki sing dadi marganing lelakumu yaiku sinau. Sinau kanthi utun lan ati sing merdeka. Aja nganti nduweni rasa kabotan anggenmu ngelmu. Senengna atimu ngangsu kawruh saka samodraning ilmu Kyai lan Nyaimu ing pondok pesantren. Upadinen kawruh sakehe sing bisa ginayuh, ndadekake sangumu sesuk mben minangka guru kanggo kulawargamu.
Mula saka iku, ora pati wigati dadi wanodya kang ngepop kayadene liyane. Kowe entuk wae eksis ing media sosial ing ratmaya, waton sirahmu kebak ilmu. Sira bisa wae populer ing sakupenge jagad, nanging kudu linandhasan laku kang prasaja, setya ing tata krama. Amarga popularitas tanpa dhasar ilmu lan prilaku mung bakal nuwuhake rubeda.
Kang pungkasan Nduk, senadyan kowe saiki lagi napaki ‘dalan agama’ ing pondok pesantren, aja nganti lali sapa sejatining sira. Sira mijil ing tlatah Jawa, dakwenehi asma kanthi cara Nusantara, lan sira urip kanthi nyesep tirta-boga saka bantala Nusantara. Mula nadyan sesuk mben kowe bisa nyandhang ilmu agama kang sundhul langit, aja nganti lali jati dhiri budaya. Aja nganti durhaka marang Ibu Pertiwi.
Cukup semene wae Nduk, wis kakehan anggonku nggulawentah kowe. Wis kakehan anggone nempil wayahmu sinau. Mula dakpungkasi layang iki kanthi donga pepuji Rahayu, Rahayu, Rahayu sagung dumadi.
-Pakmu-