“Luwih saka 130 kuwi nyawane manungsa kabeh, ora mung sakderma angka statistik” – Pakne Sekar-
KOTOMONO.CO – Dina-dina iki jagad ratmaya Nusantara digawe geger gedhen dening kabar lelayu saka tlatah Malang. Mligine saka stadion Kanjuruhan sing mapan ing Kepanjen Kabupaten Malang. Ora kurang saka 130 (135 miturut pawarta paling anyar saka panditfootball.com nalika 24/10/2022) manungsa, lanang-wadon, enom-tuwa kang palastra sawise nonton pagelaran bal-balan antarane Arema lan Persebaya.
Pawarta bab apa sing njalari kedadeyan kuwi isih pating sliwer, nganti saiki isih durung ana katrangan kang cetha. Babagan iki bisa dumadi amarga para-para kang ngemban tanggel jawab jirih klawan konsekuensi sing bakal ditanggung. Dadine padha ngrekadaya katrangan marang wartawan, aweh panemu kang palsu. Tujune arep sélak, nguncalake tanggel jawabe marang liyan.
Para punggawa kang sajake arep tinggal glanggang colong playu kasebut wus dimangerteni dening Ketua Tim Independen Pencari Fakta, Bapa Mahfud M.D. Piyambake ngendikan nalika Rebo 12 Oktober kepungkur: “Bahwa terjadi saling menghindar dari tanggel jawab operasional lapangan antara federasi, pengelola liga, panitia pelaksana, pihak keamanan, hingga penyelenggara siaran menjadi bukti bahwa penyelengaraan Liga Sepak Bola Nasional agak kacau.”
BACA JUGA: Capai 127 Korban Jiwa, Tragedi Stadion Kanjuruhan Jadi yang Terbesar Kedua Sepanjang Sejarah
Tegese kabeh pihak katon arep mlayu saka tanggel jawabe, saora-orane arupa tanggel jawab moral. Kang kaya mangkene cetha dudu watak sing bisa ditiru dening anak putu. Terang yen ora nuduhake watak satriya, bebasan amung gelem mangan nangka nanging emoh gupak pulute. Lan luwih saka iku: ngadohi sipat kamanungsan.
Perkawis netepi tanggel jawab iki, kayane para-para kang sinebut dening Bapa Mahfud M.D. kuwi perlu nuladha watake Kumbakarna, Sang Satriya saka Leburgangsa putrane Begawan Wisrawa. Kabeh stake holder bal-balan Indonesia, embuh kuwi ketua PSSI, Ketua LIB, Ketua Panpel, Petugas Keamanan nganti Indosiar kang nyekel hak siar; luwih becik niru lelakon sing dilampahi dening Paklike Indrajit kuwi.
Lelakone Kumbakarna ing Wiracarita Ramayana
Kumbakarna kuwi salah sawijine putra Begawan Wisrawa kelawan Dewi Sukesi. Dheweke nduweni sedulur tuwa kang aran Prabu Rahwana, uga dulur anem Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kayadene awake dhewe, kabeh sedulure awujud buta kejaba Gunawan Wibisana. Nanging senajan werna diyu, Kumbakarna nduweni watak satriya lan welas asih marang sapadha-padha.
Kocap kacarita ing madyane perang mengsah Prabu Ramawijaya sakwadyabalane, wus akeh senapati Ngalengkapura kang pupus ing ngalaga. Prabu Dasamuka banjur paring dhawuh marang Kumbakarna saperlu marak senapati, mandegani para wadyabala Ngalengka. Kumbakarna nora sarujuk marang laku angkarane ‘keng raka, nanging yagene dheweke tetep arsa marak senapati. Dudu mbelani Rahwana, nanging kanthi krenteg labuh Negara sing dadi wutah getihe.
BACA JUGA: Kebetulan-kebetulan yang Terjadi di Piala Dunia FIFA
Sakdurunge marak senapati Kumbakarna wis ngawruhi yen mokal bisa menang olah yudha kelawan Prabu Ramawijaya. Dheweke rumangsa bakal nemahi pati ing madyaning palagan. Mula Kumbakarna pamit marang garwa lan para putrane. Pamit ngayahi dharma, netepi jejibahane satriya. Mligine maneh, pamit mapag pati ing ngalaga.
Cekaking crita Kumbakarna kelakon lampus ing madyaning yudha. Pralaya merga ketaman panah Guwawijaya kagungane Prabu Ramawijaya. Senadyan ragane jenjeng-juwing ora wutuh maneh, nanging sukmane rinengkuh ing swargaloka dening para Jawata. Kabeh mau saka watak satriyane nglabuhi negarane. Kedadeyan kuwi tinulis ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula pada kaping 4:
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan lenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labih nagari,
Lan nolih yayahrena,
Myang luluhuripun,
Wus mukti aneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kali,
Punagi mati ngrana.
Punggawa/Satriya Kang Wani Mikul Tanggel Jawab
Saka wiracarita Ramayana kuwi Kumbakarna wis aweh patuladhan kang becik bab mikul tanggel jawab. Apa sing dadi jejibahane dilabuhi senadyan nganti tumekaning pati. Ing atase diyu/buta wae isih ngugemi laku utama. Pitakonku mung siji, kepriye kahanane para punggawa ing Indonesia, mligine ing tlatah bal-balan jaman saiki? Panjenengane kabeh kuwi ngakune satriya ta?
BACA JUGA: Tragedi Stadion Accra Sport yang Terulang Kembali di Kanjuruhan
Nyatane saka katrangane Bapa Mahfud M.D. kuwi mau sing dumadi malah kosok baline. Ketua PSSI, Ketua LIB, Ketua Panpel, Petugas Keamanan lan Indosiar kena sinebut minangka ‘punggawa’ ing babagan bal-balan Indonesia. Para punggawa kuwi nyatane malah padha balapan mlayu saka tanggel jawabe. Aja kok dijaluki labuh nyawa, mung perkara kena ancaman pidana kunjara wae wis mingslep kabeh, nora bedha kelawan kura.
Patrap sélak saka tanggel jawab kuwi yekti ngisin-isini. Ora kena dadi patuladhan kanggo generasi anem lan anak-putu. Nanging kuwi durung sepira, isih ana sing luwih nyebahi. Durung nganti 40 dina saka kedadeyan pralaya ing Kanjuruhan, ndilalah PSSI kok nggelar fun football kelawan FIFA ing Jakarta. Gek kuwi nuranine padha diseleh ing ngendi?